alumni smansa purwokerto 1993

Arsip untuk Maret, 2008

Musim kawin, Diah menyusul

In mendoan anget on Maret 9, 2008 at 9:31 am

Sederek-sederek,

La niki mumpung saweg anget anggenipun sami ngendikan bab pernikahan, lamaran, lan sapanuggalipun, kula nggih badhe nyusul niki.

Insyallah, tanggal 9 Maret 2008 kula bade melangsungkan ijab kabul kaliyan Marc Dubslaff. Ijab kabul dan resepsinipun teng Desa Klampok, Banjarnegara (nang omah baen ben nek kentongan sega bisa njaluk tangga).

Kula kaliyan Marc nyuwun pangestu dan mengharap kehadiran sederek-sederek wulan ngajeng. Nggih sekalian reuni mbok kalih arisan (nyong durung bayar arisan ng Anna gyeh).

Undangan (electronic) mangke kula kirim pribadi.

Matur kesuwun,
Diah

Gamal: jan lha kiye selera diah emang beda ya…???

Jundi: Kagem Mbak Diah ingkang kinurmatan…. Dalem sakaluwargi ngaturaken sugeng hanglampahi gesang ingkang enggal kaliyan Garwa tercinta Mas Marc Dubslaff…. Mugi-mugi dados kaluwargi ingkang sakinah ma waddah wa rohmah…. Amin…
Basa kramane wis bae angel banget ko!?… Gye Mbak Diah Mbok yao bagi2 cerita maring kita2 proses ketemuane karo calone Mbak Diah, mesti ana cerita menarik yang bisa kita dengarkan…. Suwun