alumni smansa purwokerto 1993

Arsip untuk Februari, 2008

Afisena Nikahan

In mendoan anget on Februari 24, 2008 at 9:15 am

Assalamu’alaikum wr. wb.
Dengan mengucap syukur Alhamdulillah atas segala rahmat Allah SWT, kami mengundang teman-teman pak sarkin mania untuk menghadiri tasyakuran pernikahan kami pada :

Hari: Minggu, 24 Februari 2008
Pukul: 11.00-14.00 WIB
Tempat: Komplek BPPT, Jl Teknologi 1 NO. 60B (terlampir)

Merupakan suatu kehormatan dan kebahagian bagi kami bila teman-teman berkenan hadir dan memberikan restunya.

Wassalamu’alaikum wr. wb.

Sena & Silfa

Diah: Ana maning sing arep rabi!!! Alhamdulillah. Selamat ya Mas, mugi2 lancar sedtonipun, dados keluarga sakinah mawaddah selamanya. Amin. Nyuwun sewu baen ora bisa teka, tek dongakna sekang adoh.

seno yudhi h: …… doyan ya …… siki ketone grand launching, ganu mung soft launching apa gladi resik ?

Paribasan

In peyek kedele on Februari 16, 2008 at 9:37 am
  • Adigang, adigung, adiguna – Ngandelaké kakuwatané, kaluhurané, lan kapinterané.
  • Bathok bolu isi madu – Wong asor nanging sugih kapinteran.
  • Becik ketitik ala ketara – becik lan ala bakalan ketara ing mburiné
  • Dhemit ora ndulit, setan ora doyan – Tansah diparingi slamet ora ana kang ngrusuhi
  • Emban cindhé emban siladan – Pilih kasih ora adil
  • Enggon welut didoli udhet – Panggoné wong pinter dipameri kapinteran sing ora sepirowa
  • Gupak puluté ora mangan nangkané – Mélu rekasa nanging ora mélu ngarakaké kepénaké
  • Jer Basuki mawa béa – Samubarang gegayuhan mbutuhaké wragat
  • Kacang ora ninggal lanjaran – Anak niru wong tuwané
  • Kaya banyu karo lenga – Wong kang ora bisa rukun
  • Kebo nusu gudél – wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
  • Kegedhen empyak kurang cagak – Kegedhén kakarepan nanging kurang sembada
  • Kuthuk marani sunduk – Ula marani gepuk — Marani bebaya
  • Maju tatu mundur ajur – Prakara kang sarwa pakéwuh
  • Nabok Nyilih tangan – Tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
  • Pupur sakdurungé benjut – Ngati ati mumpung durung cilaka
  • Sapa Sing salah bakal séléh – Sapa sing salah bakal konangan
  • Tumbak cucukan – Wong kang seneng adu-adu
  • Tulung Menthung – ditulungi malah ngrusuhi
  • Wiwit kuncung nganti gelung – Wiwit cilik nganti tuwa
  • Yuyu rumpung mbarong rongé – Omahé magrong2 nanging sejatiné mlarat

Kang Wisnu melepas keperjakaannya

In mendoan anget on Februari 12, 2008 at 9:18 am

Dari Jundi:

kanca-kanca kiye liputan singkat paling anyar bab Kang Wisnu melepaskan keperjakaannya…

Alhamdulillah wingi dina Minggu jam 10.00 wib ketug jam 12.30an resepsi pernikahan kang wisnu digelar nang daerah mendungan, solo. Sedina sedurunge akad nikah wis dianakna nang masjid dekat rumah
mempelai wanita (tapi nyong ra bisa teka).

Resepsi mlaku lancar tanpa ana aral melintang setitikpun. (jane nyong sempat nggoleti gubuk sing ana mendoane jebule ora ana).

Mempelai wanita jenenge Mbak Pipit, seorang putri solo.

Kanca-kanca liyane sengertine nyong ora ana sing teka, soale nyong ora ketemu sapa2, tapi jarene Asad Awami arep teka dina senen kiye!

Semono dhisit liputane, tentang malam pertama nyong ora diijinkan untuk ikut meliput! Dadi ora ngerti apa kang Wisnu wis berhasil memecah duren apa durung. takon dhewek2 bae yah!

Kanggo Kang Wisnu semoga bisa menjadi keluarga Sakinah Mawaddah Wa rohmah… Enggal2 diparingi putra/i sing sholeh/sholehah…. Amin

Aja kelalen pesene wong tuwa “Dadi manten kuwe seneng, tapi aja seneng dadi manten”.

Sapa maning kiye sing arep nikah? Doni apa sapa…

Sigit: Selamet ya, semoga langgeng dan bahagia nganti kaken-ninen. Tapi kae subject-e akurat ora? Temenan nembe melepas keperjakaan? :P

seno: nyong gumun jundi ko ngerti isih perjaka, wis ngetes apa kepriwe kuwe …

Judul Film Dalam Bahasa Banyumasan

In mendoan anget on Februari 4, 2008 at 9:13 am

Dari Gamal Muaddi:

1. Enemy at The Gates : Lawan’e wis neng Lawang.
2. Batman Forever : Wong Lawa sak lawas’e.
3. Remember The Titans: Kemudan karo si Titan.
4. The Italian Job : Ngode cara’ne wong Itali.
6. Die Hard : Mati’ne Angel.
7. Die Hard : Deneng Ore mati2..?
8. Die Hard III With A Vengeance : Deneng Ora mati2.. Babar Blas..?
7. Bad Boys : Bocah Kenthir.
8. Sleepless in Seattle : Mripat’e kriyep2 neng Seattle.
9. Lost in Space : ilang neng langit.
10. Brokeback Mountain : Gunung Tugel.

11. Cheaper by Dozens : Tuku selusin di wehi bonus.
12. You’ve Got Mail : Ana Surat.
13. Paycheck : Gaji Wulanan.
14. Independence Day : Dina Pitulasan.
15. The Day After Tomorrow : Dina Seuwis’e Ngesuk.
16. Die Another Day : Mati’ne Ora Dina Siki.
17. There is Something About Marry : Si Marry Mesti Ana Apa2′ne kiehh..!
18. Silence of the lamb : Wedus’e Pada Anteng.
19. All The Pretty Horses : Kabeh Jaran Apik.
20. Planet of The Apes : Planet’e Wanara.
21. Gone in Sixty Second : Ngilang Seuwise Maling Mobil.
22. Original Sin : Doso Sing Paling Asli.
23. Mummy Returns : Biyunge Balik Maning.
24. Crash : Tumburan.
25. Copycat : Kucing Sing Gawe’ne Niru Bae.
26. Seabiscuit : Madang Biskuit Neng Segara.
27. Freddy vs Jason : Freddy Gelut Karo Jason.
28. Just in Heaven : Nembe Neng Surga.
29. How To Lose A Guy in 10 Days: Kpriwe Cara’ne Ngilang’ke Wong Lanang 10 Dina.
30. Lord of The Ring : Juragan Bakul Akik.
31. Deep Impact : Rasan’e Tekan Jero.
32. Million Dollar Baby: Bocah Sugih.
33. Blackhawk Down: Elang Ireng Tiba.
34. Saving Private Ryan : Nyelamet’ke si Ryan.
35. Dumb and Dumber : Wong Bodo Karo Wong Pekok.